TATAKRAMANE NAMPA DHAYOH

Print Friendly and PDF

TATAKRAMANE NAMPA DHAYOH 

Oleh: Laely Maharani, S.Pd.

Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 2 Jatilawang Banyumas, Jawa Tengah

Laely Maharani, S.Pd.


       Jaman siki, pendhidhikan budi pakerti lagi dijembreng maning. Kuwe mau kejaba nuwuhna sipat-sipat sing luruh lan dadi kepribadene bangsa Indonesia uga kanggo nyuda dampak negatif arus globalisasi sing muatane cokan ora pas kambi kepribaden budhayane dhewek. Budhi pakerti sing luhur uga ora mung dewulangna neng sekolahan, ningen kudu detutugna neng umah dening wong tuwane.

       Tembung budi pakerti asalae saka tembung budi sing tegese pikiran utawa akal, lan pakerti sing tegese panggawe utawa pegaweyan. Tembung budi pakerti banjur duwe teges nyawijine tumindak karo pemikiran sing tumuju maring kabecikan. Ningen neng jaman siki tembung budi pakerti kuwe uga diarani kesopanan utawane tata krama. Budi pakerti utawa tata krama kuwe bakal katon menawa wong mau lagi nganakna sesrawungan karo wong liya, umpamane angger pas lagi nampa dhayoh. Kepriwe carane nampa dhayoh sing sopan? Kabeh mau ana tata lan aturane. Biasane dhayoh sing teka mesthine ana keperluan sing ana gandheng cenenge kambi dhewek. Dhayoh sing teka kudu dilayani kanthi apik, ora mbedak-bedakna. Ora sumeh maring dhayoh kejaba bisa natoni sing mertamu uga nudhuhna lamona sing duwe umah ora sumeh, ora sopan, lan kurang wicaksana.

       Filosofine wong nampa dhayoh ana rong werna. Siji, dhayoh kuwe diumpamakna raja. Mulane dhayoh aja  ngasi dejorna. Loro, makmurna dhayoh kuwe  tumindak sing desenengi dening pangeran.

       Kewajibane wong nampa dhayoh bisa diringkes dadi 3 werna. Kaping siji, gupuh. Tegese angger ana dhayoh enggal-enggal dipethuki banjur digenahna sapa, prelune apa, lan liya-liyane. Mulane angger rumangsa ana dhayoh dhodhog lawang, gagiyan mereki aja dejorna api-api ora krungu ngosi dhayohe balik maning.

       Kaping loro, lungguh sing tegese delungguhna. Dhayoh sing teka kudu diaturi mlebu ngumah, diaturi lungguhan sing kepenak, dipapanaken neng ruwangan dhayoh lan sapanunggalane. Aja ngosi nemoni dhayoh mung karo ngadheg neng latar, dalan, lan liya-liyane lan dopokan neng njaba. Apamaning dhayoh sing wis wawuh aja ngosi mung tekan teras goli nemoni ora dijak mlebu lungguh neng njero umah.

       Kaping telu, suguh tegese desuguhi. Angger bisa dhayoh diaturi  unjukan karo dhaharan manut maring kadar kekuatane dhewek-dhewek. Ning, aja kelalen carane nyugatna utawa aweh jamuan. Sawise diaturi jamuan banjur dhayohe ora enggal-enggal dhahar sing duwe umah kudu ndisiti dhahar utawa ngunjuk. Sedurunge dianggep cukup dedhahar dhayohe, sebanjure angger dhayohe njaluk pamit kondur nggo abang-abang lambe kudu dipenggak dhisit. Utawa angger kudanen mangka ora nggawa piranti sabisa-bisane dhewek nawakna piranti umpamane payung, mantel, utawa liyane. Angger kewengen, sebisa-bisa dhewek ngaturi rasa aman umpamane nawakna kon gelem nginep utawa njujugna kondure dhayoh lan liya-liyane.

       Tata krama mau wujud lamona ngurmati wong liya klebu cara sesrawungan sing bisa nuwuhna rasa peseduluran tambah raket, rasa tentrem, lan uga bisa dadi sarana nggo tulung lan tinulung maring sapdha-padha. 


Tidak ada komentar:

Write a Comment


Top